Nek Wong Tua ngandani anak sing ati - ati
Sing bisa milih ucapan sing bener karo sing salah
Aja salah kaprah
Ndakan sing dadi anak nganti wedi
Kaya aku dadi wedi tekan Tua nganti ora bisa turu
Agi aku cilik antarane umur 3 - 4 Tahunan, nek turu ora olih melumah
Biyungku ngandani kaya kiye " Nek turu aja melumah, engko wudele di cucuk manuk Gagak ususe madul- madul"
Lah .......... tekan seprene , aku ora bisa turu melumah, keweden dadi aku nek turu kemureb, wedi wudele di cucuk
manuk gagak
Janen nek wong Tua ku nggone ngomong nganggo omongan Sunnah Nabi, aku ora nduwe penyakit keweden tekan
seprene
Kudune wong Tuaku ngomonge kaya kiye" Nek Turu aja melumah, sunaeh Miring tengen madep kiblat, siraeh neng
sebelah Lor sikile neng sebelah kidul, nek mati dadi melu Nabi Muhammad S A W.
Allohumma solli `ala Sayyidina Muhammad.
Jan tekan Tua Ra Bisa Turu Melumah.